Basa lan Budaya
Mbekayu Tebok lagi usreg nang pedagangan nalika krungu swara tilpun muni. Ya, jamane pancen wis mulai maju, senajan urip nang ndesa, sekiye meh saben wong duwe HP alias Hand Phone. Malahan, telpon kabel sing gemiyen regane larang tur pasange uga perlu wektu, sekiye malah ora payu, jerene angger nganggo telpon kabel ribed. Mangkaning, telepon kabel sekiye jan malahan murah klerah.
Karo mandan mesem, mbekayu Tebok marani HP sing ngglethak nang meja, jejeran karo radio karemane Kaki Bawor. Ndeleng nomer sing nyambung, mbekayu tebok mandan jenggureng, merga durung apal karo nomere sing tilpun. Kuwe tegese, mbekayu Tebok pancen durung wawuh karo sing nilpun.
“Niki napa mbekayu Tebok, anake Kaki Bawor”
“Lha enggih koh, sampeyan sinten”
“Inyong Ripin anake kaki Jaya. Anu kiye inyong nang rumah sakit. Ngabari, kaki Bawor digotong nang rumah sakit. Sirahe mlothas gubras getih”, Ripin blaka suta
Krungu kabar ramane nang rumah sakit, mbekayu Tebok njempling kaget, nganti tanggane krungu, terus ngrubung nang nggone kaki Bawor.
“Kenangapa mbekayu, koh njempling karo gidro-gidro. Ana apa jajal crita sing genah”, takone Rasno, tanggane kaki Bawor sing tunggal latar.
“Rasno…….. Rasno…, ramane digotong maring rumah sakit, jere endhase mlothas, yu gageh jujugaken inyong maring rumah sakit”, ujare mbekayu Tebok karo ngelapi matane sing nangis terus.
Tekan rumah sakit, mbekayu Tebok weruh ramane lagi didhabyang-dhabyang munggah maring becak, arep digawa bali nang Ripin, tangga tunggal Rukun Warga.
“Ramane kenang ngapa Ripin….. takone mbekayu Tebok, karo nubruk ramane sing wis diunggahaken maring becak”.
“Dibandhem bocah tawuran. Bocah padha nonton bal-balan. Ningen njuran malah padha gelut, tawuran lan bandhem-bandheman watu. Ramane sing ora ngerti apa-apa dadi kurban. Jajal apa ora melas ndoresani’ Jawabe Ripin karo nyurung becak sing sidane ditunggangi nang kaki Bawor karo mbekayu Tebok.
Tekan ngumah kaki Bawor tembe gelem crita maring Ripin, Rasno karo mbekayu Tebok. Kaki Bawor ngaku, jere sekang umahe Kang Supar Jasminto, takon acara ulang taun kabupaten Banyumas. Sekang umahe kaki Supar, njuran mampir nonton bal-balan nang lapangan. Bal-balan ulang taun sing hadhiahe sapi karo wedhus. Ningen ya kuwe, bareng ana kesebelasan sing kelebon, njuran terus antem-anteman antar pemain karo antar penonton. Pulisi sing njaga ora teyeng nangani. Sidane, golih padha tawuran nganti tekan ndalan. Lha kaki Bawor karo kendharaan sing padha liwat, melu dadi sasaran. Apa kiye tegese ora melas ndoresani. Wong sing ora salah melu dadi kurban.
“Ramane, pancen sekiye bal-balan wis salah urus. Sekang ngisoran tekan ndhuwuran yakuwe PSSI, bal-balan ora ndadekaken kejuaraan. Ningen malah dadi ajang antem-anteman. Endi sing salah, ya kiye sing kudu dipetani. Supaya bal-balan sing dadi olahraga rakyat, dadi ajang kejuaraan, dudu ajang antem-anteman”, Ripin nimbrungi.
“Genah koh Ripin. Mayuh awake dhewek melu nyontoni maring anak putu, kon aja padha gegoh aja padha reyang. Melas wong sing ora salah. Angger bal-balan tentrem, rasane inyong, prestasine mesthi munggah. Temenan kuwe. Klilan
Your site is very helpful
BalasHapushttp://antiinsects.cabanova.com/
http://antiinsects.emyspot.com/blog/
https://antiisects.yolasite.com/
https://www.prokr.net/ksa/jeddah-water-leaks-detection-isolate-companies/
http://quran-qlayah.com/