Minggu, 01 Mei 2011

Angkutan Kota

Angkutan Kota



Minggu esuk, kaki Bawor nglencer maring kota, jerem onge sih arep tilik dulur nang kota. Mulane mbekayu Tebok ora dijak. Apa­maning esuk-esuk mbekayu Tebok wis gipyak nang pawon gawe panganan, jere monge arep tilik keponakan sing lagi bayen, apa malah arep aqekahan. Senajan dijak, anake kaki Bawor  kayane ora gelem melu, merga wis duwe janjian dhewek.

Metu sekang umah sing mandan mlebu nang gang, kaki Bawor ngadhang bis sing arep nggawa maring kota. Ora nganti setengah jam, bis-e wis teka. Ora nganggo detawani, bareng bise wis mandheg, kaki Bawor gagean mlumpat mlebu bis. Bareng kaki Bawor mlebu bis, kaki bawor bingung merga bis-e kosong.

“Bis kosong kaya kiye, tekan kota apa ota pir”, takone kaki Bawor maring supire.

“Aja kewatir ramane, pokoke rika tekan maring kota”, ujare supir karo ngempakaken udud nang lambene. Jere supir, sekiye golet penumpang jan angele ora etung. Sekang terminal mangkat tekana terminal sing detuju, kadhang mung bisa dienggo tuku bensin thok, saking akehe bis. Liyane kuwe, akeh bis sing tujuane sejen. Ningen nyenggol trayek bis jurusan liyane. Kamangka sing jenenge bis nang kabupaten, penumpange mung edhek-edhek.

“Ramane, sekiye wis akeh wong padha duwe montor. Sejuta ben bisa duwe montor, mbuh sing anyar utawa seken”, ujare supir bis.

Ora nganti sejam, Kaki Bawor  wis tekan kota. Penumpang bus nang kaki Bawor dietung ora nganti wong selusin. Mangka bis cilik kuwe muat penumpang nganti 32 wong. Jan apa ora melasi supir karo kenete sing godhe sedina med, mulai Subuh tekan bar Isya tembe laut.

Tekan terminal tujuan, kaki bawor ganti nganggo angkutan kota. Kaki Bawor pilalah nunggoni angkutan kota sing ngetem nang terminal. Ningen ya kuwe mau, ngetem luwih sejam, penumpang sing munggah angkot mung wong telu. Sidane karo grenengan sopire tetep mangkat. Merga angkot sing nunggu antri nang, mburine nganti dawa pisan.

“Sekiye golet penumpang angel banget ramane”, ujare supir angkot maring kaki Bawor sing njagong nang ngarep jejeran karo supir.

“Apa mergane pir, mangkaning lagi mulai ana angkot nang kota, penumpange nganti luber”, kaki Bawor genti takon.

“Ma, sekiye sing jenenge montor tulih jan akeh ora etung. Kayane meh saben umah padha duwe montor. Nganggo montor sedina mung entek dhuwit nggo bensin mung 5 ewu perak. Lha angger nganggo angkot dhuwite luwih akeh. Lha kiye salah sijine sing ndadekaken angkot tambah sepi penumpang. Seliyane kuwe sing jenenge angkot saben dina terus tambah, pokoke angger ana tambahan angkot, pemerintah dhaerah/kota liwat Dinas Perhubungan terus baen neken ijin, senajan angkot susah golet penumpang, merga penumpange pancen sengsaya suda.

Kaki Bawor nunggang angkot sekang terminal mung dekancani wong telu. Nganti kaki Bawor medhun, penumpange ora nambah. Jan melasi banget. Endi sing kudu desalahaken, ningen sing jelas, montor karo angkot pencen sengsaya ekeh, penumpange ora nambah. KLILAN

http://www.panjebarsemangat.co.id/2011/04/12/angkutan-kota/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar