Senin, 02 Mei 2011

Kiriman TKI

Kiriman TKI



Maca koran sing digelar nang alun-alun kaki Bawor mesem. Peng­asilane Tenaga Kerja Indonesia (TKI) nang luar negeri sing dikirim maring ndesa nyandhak angka Rp. 400 milyar, tegese padha karo Pendapatan Asli Daerah (PAD) Cilacap sejroning setaun. Kirim­an kuwe kira-kira sepertelone Anggaran Pendapatan lan Belanja Daerah (APBD) Cilacap sing gunggunge Rp. 1100  milyar.

“Waladhalah… gedhe temenan ya kirimane TKI kanggo desa, daerah lan negara”, udarasane kaki Bawor, karo ngempakaken udud klembak menyan nang lambene sing tambah ndobleh.

Nurut laporan sing diwaca kaki Bawor nang koran, kiriman  dhuwit TKI sing nyambut gawe nang luar negri  saben taun terus mundhak. Mergane, jumlah TKI sing mangkat nyambut gawe nang luar negri uga tansah mundhak. Paling ora, meh nyandhak angka 10.000 TKI sing saben taun mangkat maring luar negri golet  rejeki. Sekang jumlah kuwe, sangangpuluh (90) persen TKI wadon.

Tujuan ngodhe TKI sekang  Cilacap, paling akeh maring Malaysia/Singapura. Disusul maring Timur  tengah, terus maring asia timur, yakuwe Taiwan, Korea Selatan lan Hongkong. Paling akeh padha nyambut gawe nang sektor informal, upamane, pembantu rumah tangga.

“Ramane maca koran koh karo mesem-mesem, ana apa sih, apa ana sing lucu”, takone Kaki Pardi, pensiunan pegawai PU sing anake wis padha lulus sarjana.

“ Eee… kaki Pardi, kiye inyong lagi maca, pengasilane TKI nang luar negri meh nyandhak angka Rp 400 milyar  setaun. Apa ora maen sih.

“Iya bener kakine, kiye berkah kanggo dhaerah. Mergane dhaerah lan negara pancen durung bisa nyedhiyakaken lapangan kerja kanggo tenaga kerja sing semono akehe. Apamaning sekiye, sektor per­tanian sing dadi andelane dhaerah-dhaerah nang Jawa pancen wis ora disenengi dening kawula mudha. Kawula mudha lewih seneng ninggal desa. Sing isih keri, lewih seneng dadi tukang ojek ketim­bang nyambut gawe nang sawah” ujare kaki Pardi.

“Lha kuwe sing sekiye dadi crita. Mulane, sawah sethithik-se­thithik mulai ganti  tanduran. Sawah sing maune ditanduri  pari, sekiye ditanduri saka beton. Jajal sih contone, kota Purwokerto sing maune nang tengah kota ana sawah sing amba ngemplak-ngemplak, sekiye malik dadi perumahan, pertokoan, nganti dadi terminal”, kaki Bawor pikirane temlawung adoh.

Mung pesenku maring para calon TKI sing arep mangkat maring luar negri, lan uga kanggo Pemda, jajal sih para calon tenaga sing arep mangkat, ditambah latihan-latihan sing kanggo gawe nang negara liya. Upamane, angger dadi pembantu rumah tangga, uga kudu pinter masak, tata dhahar, ngumbah-umbah, nyetrika, be­benah lan pegaweyan liyane maning. Nang segi hukum, ana per­lindungan hukum sing pantes kanggone TKI nang luar negri. Merga apa, TKI seliyane dadi penghasil devisa, uga dadi duta bangsa. Dadi, aja disewiyah kanggone TKI sing nyambut gawe nang luar negri. KLILAN.

http://www.panjebarsemangat.co.id/2011/04/25/kiriman-tki/




Tidak ada komentar:

Posting Komentar