Minggu, 01 Mei 2011

Mbekayu Sari

Mbekayu Sari




Jenenge Sariyahwati, piyayi Kroya dadi garwane mas Jumali sing asli Yogyakarta. Ningen nang dunyaning radio nang Jabotabek, lewih tenar nganggo jeneng Sari Jumali, bakul gethuk goreng Sokaraja radio swasta niaga sing mangkal nang Duren Sawit Jakarta Timur.

Nurut kanca-kanca nang Paguyuban Pendengar lan Penyiar Radio Banyumasan, jeneng Sari Jumali lewih tenar utawa moncer ketimbang pejabat. Mangkaning Sari Jumali pegaweane mung dadi bakul gethuk nang radio. Ningen ya kuwe, pendhemen lan pendengare jumlahe ora wilangan, mbok menawa malah nganti ewon nang Jabotabek. Buktine apa angger dagangane mbekayu Sari Jumali payu, pendengar lan pandhemen sing kepengin sambung angele jan kebangeten.

“Nganti drijine kriting nggo telpun, meksa ora bisa sambung. Mangka siarane mbekayu Sari 4 jam saben ndinane”, ujare mbekayu Trisontang, salah sijine pendengar lan pendhemen acara gethuk goreng Sokaraja.

“Ramane, kenangapa sih ya mbekayu Sari nang radio koh pen­dhemene akeh pisan ya. Ora mung pendengar sing asli Banyumasan thok, ningen kelebu sekang njaba rangkah. Kaya sekang Yogya, Solo lan Jawa Timuran” takone Tebok nalika kleyang maring Depok melu ngrungokaken siaran radio Banyumasan.

“Ooooo kuwe. Modal kepisan dadi penyiar kuwe ya grapyak lan semanak. Sabar ngladeni kepenginane pendengar lan pandhemen, lan pergaulane nang sanjabane radio jan dijaga banget. Aja mung grapyak nang jero radio selagine siaran nang studio. Ningen nang njaba  detakoni batir baen mlengos “, ujare kaki Bawor.

“Ramane, mbekayu Sari tulih embok piyayi sekang Kroya ya”, Tebok isih takon.

“Sari Jumali pancen asli Kroya, wis suwe nang Jakarta. Ningen gaule karo kanca-kanca sekang Banyumas tansah dijaga. Lha kuwe sing dadi modal nggone siaran nang radio. Mulane kuwe mau, jenenge lewih terkenal tenimbang pejabat. Nalika ana acara Banyumasan, kelebu acara halal bil halal keluarga Seruling Mas nang Taman Mini, mbakeyu Sari sing kepatah dadi pembawa acara. Dhasar piyayine ayu moblong, grapyak semanak, mulane tambah-tambah desenengi dening pendhemene. Sing biyasane mung krungu suwarane thok, mbasan ana acara nang Taman Mini, bisa ketemu karo piyayine”, kaki Bawor nerangaken.

Nurut Kaki Bawor , penyiar radio kuwe seliyane kudu grapyak lan semanak, uga kudu paham pisan karo seni lan budaya dhaerah sing dadi tugase. Contone, angger dadi penyiar Banyumasan, ya kudu paham lan ngreti karo budaya, seni lan sejarah Banyumas. Merga, angger  lagi siaran, biasane ana pendengar sing takon sejarah, seni lan budaya. Uga kudu ngerti model gendhing-gendhing Banyumasan. Kayane koh lucu angger penyiar Banyumasan ora ngerti gendhing Kembang Glepang utawa ricik-ricik Banyumasan. Utawa, penyiar Banyumas koh ora paham maring Kaki S Mbono, empu gendhing Banyumasan.

“Ma, angger inyong arep nglamar dadi penyiar Banyumasan nang Jakarta olih apa ora nang rika ramane”, takone mbekayu Tebok.

“Inyong tah ya ngidini ko dadi penyiar. Ningen angger ko kon siaran utawa kon nembang kaya sinden, kayane pendengar tah njutan mateni radio. Merga suwarane kaya gledhegan jaran sing bane copot”, kaki babwor mesem. Mbekayu Tebok mrengut. KLILAN
 



P3RB (Paguyuban Pendengar Penyiar Radio Banyumasan) sing diketuai dening Bp Sutardi, sekertariat nang Jl H.Samali Ujung no 19 Ps Minggu, kebeneran P3RB wis duwe AD / ART wiwit tanggal 13 April 2008, ditulisna karo Mulyono.
http://map-bms.wikipedia.org/wiki/KKB


Bertepatan dengan hari ulang tahunnya yang ke-3, Pengurus dan seluruh anggota Paguyuban Pendengar, Penyiar Radio Banyumasan (P3RB) yang ada di Jakarta akan mengadakan tour ke beberapa tempat rekreasi di wilayah Banyumas, termasuk Kabupaten Cilacap pada tanggal 09 sampai dengan 12 April mendatang.
“ Selain untuk menghilangkan kepenatan dan kejenuhan, tour ini bertujuan untuk mengetahui lebih dekat tentang seni dan budaya yang ada dan dimiliki oleh wilayah yang kami kunjungi ”, ujar Ketua Payuyuban, Sutardi.
"Rombongan tour direncanakan berangkat dari depan Makam Pahlawan Kalibata Jakarta tanggal 9 April 2009 malam”, lanjutnya.
Setelah berwisata di Kabupaten Banyumas dan Kabupaten Purbalingga, hari minggu pagi, rombongan direncanakan tiba di Kabupaten Cilacap.
Sebelum berwisata ke beberapa obyek wisata seperti Pantai Teluk Penyu, Pantai Indah Widarapayung, Benteng Pendem dan Pulau Nusakambangan, rombongan terlebih dahulu akan beramah tamah dengan Bupati Cilacap dan Komunitas Radio Cilacap di Pendopo Wijayakusuma Sakti Cilacap.(vb)







3 komentar:

  1. ngapurane kang.....aku arep takon,radione kuwe alamate nang endi duren sawite sebelah ngendi?? kula njaluk tulung lah...sedurung lan sewise kesuwun banget

    BalasHapus