Minggu, 01 Mei 2011

Basal lan Budaya

Basal lan Budaya





Mulai taun 2010 pemerintah (polisi) mulai netepaken aturan  yen pengendhara motor karo sing mbonceng kudu nganggo helm standar. Tegese helm sing digawe nuruti aturan  SNI (Standart Nasional Indonesia) Tegese, angger pengendhara lan sing mbonceng ora nganggo helm sing padha karo ketentuan, ya ditilang utawa didhendha. Helm sing standar kuwe ana werna loro, sing full face, tegese kabeh endhas ketutup rapet, lan open fice, tegese endhas ketutup mung raine thok sing ke­bukak.

Kaki Bawor maca koran, nang kota Jakarta, Direktorat Lalu Lintas Polda Metro Jaya wis nilang 41.800 pengendhara motor sing nganggo helm sembarangan utawa ora nganggo helm. Jan angka sing cukup dhuwur  nang babagan pelanggaran lalu-lintas. Angger ndeleng jumlah motor sing ana nang Indonesia, angkane nganti 39 juta. Jan-jane angka sing kenang tilang isih cilik banget.Ningen yakuwe, gandheng nang Jakarta, angka sing kena tilang kena kanggo pengemut tumrap pengendhara kon ati-ati, aja nganggo helm sembarangan.

Kaki Bawor kemutan, nalika kawitan ana undang-undang utawa aturan sing prentah pengendhara motor nganggo  helm. Wektu kuwe sing dadi  Kepala Polisi Jendral Hugeng. Tumrap wong Jawa, khususe Yogya, nganggo  helm jan ngrepotaken banget. Keprimen ora repot  jajal, angger ibu-ibu ngagem jarit lan kebaya, jutan nganggo gelung kondhe, motore  lanang, dudu motor bebek. Apa ora nyrimpet. Uga kagem bapake angger kudu nganggo blangkon.

“Ramane, sida  kondangan apa ora”, cluluke mbekayu tebok sekang pedangan, mbuyaraken lamunane Kaki Bawor sing lagi mikir gelung kondhe nganggo  helm.

“Lha sidalah. Jutan  arep  mangkat nganggo apa?.

“Nganggo bis baen lah ramane,nganggo motor ora nana sing mboncengaken. Tur ora nana helm-me, mengko ditilang polisi”, ujare mbakeyu Tebok sing wis sadhar nganggo helm.

“Tebok, nganggo  helm utawa ora ngganggo kuwe jan-jane dudu masalahe polisi, ning sing utawa kuwe masalah keslametan. Mergane, luwih sekang 60 persen kecelakaan lalu-lintas nang ndalan, sing dadi korban kuwe wong sing ora nganggo helm, merga nandang tatu nang endhas” jlentrehe kaki Bawor.

“Iya ramane,seliyane kuwe,inyong sekiye mandan gila lan kamiweden angger nang ndalan gedhe. Akeh montor lan mobil sing ngebut. Apa­maning akeh bocah enom sing penjorangan. Nunggang motor knalpote dibukak, ora nganggo helm, boncengan lewih sekang loro, tur ngebut banter. Angger ana perkara nang ndalan, bocah-bocah kaya kuwe sing biyasane ora slamet “, mbekayu Tebok crita. “O iya ramane, angger helm standar lan sing kudu dienggo kuwe sing kaya ngapa sih’.

Helm standar kuwe helm sing nutup endas kabeh. Nganggo bahan njaba sing atos ora gampang pecah, lapisan njerone empuk utawa nganggo gabus, nek jaman siki jere stereofoam, nganggo tali sing ngunci utawa ditali, supaya angger  tabrakan, helm ora mencolot. Helm uga ora mung dienggo dening pengendhara, ningen uga sing mbonceng.

“Angger kaya kuwe, sekiye ora olih nganggo helm proyek utawa helm cethok ya ramane”, Tebok isih takon.

“Angger ndeleng aturan sih ya ora olih nganggo helm setengah kepala. Ningen senajan ketutup kabeh rapet, tetep helm uga kudu nyaman lan kudu krungu klakson. Tegese nang helem ana bolongan-bolongan kanggo sirkulasi angin lan nggo dalan swara. Men slamet. Klilan.

http://www.panjebarsemangat.co.id/2011/03/30/basal-lan-budaya/

1 komentar: