Senin, 02 Mei 2011

Ngenalna Basa Ngapak Banyumasan

Ngenalna Basa Ngapak Banyumasan


Kiye ceritane enyong arep ngenalena basa Banyumasan nggo wong Jawa tapi sih basa jawane ora ngapak lan nggo wong seberang.
Bocah-bocah sing asale sekang Karesidenan Banyumas, termasuk kuwe daerah Cilacap, Kebumen, Gombong, Banyumas, Brebes, Tegal, Banjarnegara lan daerah sekitare. Jaman siki, akeh cah-cah enom sekang Karesidenan Banyumas kuwe pada isin nek kon ngomong nganggo basa Banyumasan, mbok diguyu karo kancane sing  sekang daerah Jawa liyane, jare basane lucu lan geguyokna.

Jajal, nek rika ngerti, sapa maning ndeleng sing arep ngelestarikna basane dewek nek ora enyong karo rika. Tulisan kiye cocok nggo sinau wong sing kang daerah Semarang, Jogja, Solo, apa Jawa daerah Jawa Timuranlah. Tapi nek rika udu wong Jawa, ya ora papa nek arep sinau basa Banyumasan. Men lewih kepenak, nang ngisor artikel kiye tak wenehi kamus cilik mesti enyong ngandel rika pada ngerti lan mudeng pas maca tulisan kiye, mung ora bisa ngomonge. nek rika anu udu wong jawa ya mesti bingunge maca tulisan kiye.
Mulane kang, mbok ayu, golet kanca sing sekang Banyumas, men tambah wawasanane lah, soale apa? Wong Jawa kuwe ana nang endi papan, tanah Jawa kuwe wis sesek, kakehen wong, mulane siki wong Jawa ana sing nang Sumantra, Kalimantan lan papan liyane, ngasi nang Arab, Hongkong, Jepang lan Amerika baen, ana wong Jawa, ya mung seneajan dadi TKW apa TKI. Mulane basa Jawa kue penting, jan penting banget.
Enyong bae kiye wis urip nang Jogja meh 7 taun, wis mandan kelalen, lah wong amben dina nganggo basa indonesiya. Mulane ngapake enyong uwis arep ilang. Men ora ilang ya tak tulis bae kiye nang blog. lah anane tulisan kiye ya men ngajak rika pada sing sekang Banyumas,  men dewek kuwe istilahe sih agi keren jere “PEDE” percaya diri kaya kuwe. Tapi seurunge enyong nerusna nulis, ya njaluk ngapura benget nek basa ngapake eyong wis ora asli, kecampur campur karo basa indonesia. Dadi, nek rika pas ujian basa ngapak ulih angka 700 (pitung ngatus) meng nduwur nek enyong luput ya di benerna ya kang, mbokayu, wis enyong  mulai disit sekang perkara sih sepele.

Babagan perkenalan
Nek rika arep golet kanca utawa golet bojo saking Karesidenan Banyumas, rika kudu bisa ngapak, kudu! Wajib pokoke. Bapakku baen sing sekang Jogja siki ya wis ngapak kok… soale biyungku wong Cilacap, sing basane esih ngapak asli. Nek rika meng Banyumas biasane wong takon maring dewek kaya kiye pertakonan. Pertakonan kiye kabeh enyong tulis nggo rika pada

Rika jenenge sapa sih? jawabane : "Enyong jenenge Bawor“.
Bawor di ganti jenenge asli rika.

Pertakonan babagan lelungan
(darimana)
Rika sekang endi? jawabane: ”Enyong sekang Purwokerto”.

Pertakonan babagan gawean
rika kerja nang endi kang? jawabane :“Enyong tah urung kerja, golet kerjaan angel banget kok..”.

Kiye mung pengantar… tapi rika kudu emut kang, nek ngomong kaya nang contoh kuew nek dewek kuwe seumuran. tapi nek dewek ditakoni wong sih lewih tua, contone bakalan mertua, ya rika nganggo basa persatuane wong Jawa, basa kromo. dicatet kuwe….
“Rika wis mangan urung?” aja di jawab : ”Urung, wong ora ana sing dipangan”, rika bisa di anggepe wong sing ora duwe tata krama, mbajuk karo wong tua, mending rika jawabane standar Jawa lah ya,,, jawaban sing alus ya :“Dereng, kulo dereng ngelih”. Nah kaya kuwe disit ya ngesuk enyong sambung maning babagan basa ngapak lan werna-wernane. Pokoke basa ngapak keren pisan koh.

Kamus
Nek rika pas maca tulisan nang duwur bingung, enyong gawe kamus cilik nang ngisor, tak gawe kamus Jawa ngapak-> basa Indonesia men wong sing kang seberang ya pada mudeng.

Enyong = Aku
Kula = Saya
Kowe = Kamu
Rika = Sampeyan = Anda
arep = Akan
glitho = Jitak
wong = Orang
mudeng = Paham
golet = Mencari
kanca = Teman
Kiye = ini
kuwe = itu
nang kene =di sini
nang kana =di sana
ngandel = percaya
http://jejakcandra.wordpress.com/2009/08/12/ngenalena-basa-ngapak-banyumasan/



Dialek Banyumasan

Jawa baku

Indonesia

agèh ayo ayo
ambring sepi sepi
batir kanca teman
bangkong kodok katak
bengel mumet mumet
bodhol rusak rusak
brug kreteg jembatan
bringsang sumuk panas
gering kuru kurus
clebek kopi kopi
londhog alon pelan
druni medhit pelit
dhongé / dhongané kudune harusnya
egin isih masih
gableg duwé punya
getul tekan datang
gigal tiba jatuh
gili dalan jalan
gujih rewel rewel
jagong lungguh duduk
kiyé iki ini
kuwé iku itu
letek asin asin
maen apik baik
maregi nyebeli buruk
http://id.wikipedia.org/wiki/Bahasa_Jawa_Banyumasan#Perbandingan_kosakata_Banyumasan_dengan_bahasa_Jawa_baku

2 komentar: