Minggu, 01 Mei 2011

Wayang

Wayang

 

Inyong yakin malahan nek cara wong Arab tah haqul yakin, wong Jawa khususe wong  Banyumas mesthi ngerti, kenal lan seneng maring wayang. Salah siji seni budaya khas sekang bumi Nusantara. 

Merga apa, wayang kuwe wis  dikenal nang seluruh dunya. Pancen sih, asal usule wayang jere monge tah sekang India, yakue liwat crita Ramayana lan Mahabarata. Ningen dening para empu jaman Majapahit lan jaman Walisongo, cerita lan sanggit wayang diowahi, didandani dadi nJawani. Mulane akeh sing ngarani nek wayang kuwe Jawa. Mangkaning nang Indonensia, sing jenenge wayang ora mung nang Jawa, tapi uga nang wilayah seje. Ana wayang Sunda, wayang Betawi, wayang Banjar (Kalimantan selatan) lan liyane.
 
Ningen ya kuwe, wayang sekang Jawa sing wis dikenal nang ndunya, sekiye pandhemene nang Jawa malah wis selot entek. Sekiye wis arang wong nanggap wayang. Warga masyarakat sekiye malah lewih seneng nanggap orgen tunggal sing asale sekang negara atas angin.
 
Nurut warta sekang Pepadi (Perkumpulan Pedalangan Indonesia) jumlah dhalang wayang nang Indonesia (waca Jawa) lewih sekang 300 dhalang. Ningen sing sering detanggap, ora nganti 10 dhalang. Jan apa kiye ora mrihatinaken. Kanggo nutup kebutuhane urip, para dhalang sing ora tau detanggap padha golet liya. Ana sing dadi pegawai negri, pegawai swasta, tukang kayu, tukang batu malah ana sing dadi tukang becak barang.
 
Ooo iya, sing jenenge dhalang uga ora mung dhalang nang panggung, kaya dhalang wayang kulit lan wayang golek. Ningen uga ana dhalang wayang wong, dhalang wayang tulis lan dhalang wayang gambar (komik). Senajan sekiye, akeh penerbitan sing wis ora muat crita wayang. Paling-paling mung majalah basa Jawa (Joko Lodang, Jayabaya lan Penyebar Semangat)
 
“Ramane, kenangapa sih ya  sekiye budaya tradisi, kelebu wayang, kethoprak, lengger, calung, jemblung lan liyane sing jan asli sekang Jawa, kelebu Banyumas wis kelangan pandhemen. Mangkaning, budaya lan seni Jawa kuwe jere dikenal minangka seni lan budaya sing adiluhung, maen nganti deakoni nang seluruh dunya”, mbekayu Tebok golih takon nrithil maring ramane ya Kaki Bawor.
 
“Lha ya kuwe sing mrihatinaken. Apamaning sekiye meh saben kota gedhe ana stasiun televisi, bioskup, lan liyane. Kesenian tradisi sing adiluhung kelebu wayang wis ora diemutaken dening masyarakat. Kiye sing kudu dadi PR tumrape pemerintah dhaerah. Mangkaning, nang dhaerah sekiye ana Dinas Pariwisata, Seni lan Budaya sing kudune majukaken seni lan budaya dhaerah. 

Ningen seemutku, dinas kuwe wong-wonge akeh sing ora pas. Malahan, inyong tau krungu Dinas Pariwisata, seni lan budaya dadi dinas buangan. Dinas sing mandan diemongi dening pegawai pememrintah. Merga, jere monge sih, ora nana dhuwite. Kiye kan jan nlangsani banget”, kaki Bawor nerangaken karo matane temlawung adoh.
 
“Ooo pantesan ya ma, jere para seniman, seni sekiye mung kanggo kesenengan, dudu kanggo profesi, merga wis ora ngasilaken dhuwit. Tegese angger wong dadi seniman, wis kudu kontrak mlarat. Kaya seniman kethoprak apa wayang wong.  Angger mbengi dadi ratu, ningen angger awan dadi kuli nyapu apa tukang becak”, mbekayu Tebok nyauri karo mrebes mili. KLILAN

http://www.panjebarsemangat.co.id/2011/03/02/wayang/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar