Senin, 02 Mei 2011

UKARA BANYUMAS

UKARA BANYUMAS




Dénéng





Wong Banyumas, ari takon cokan nganggo tembung “dénéng” . E nang kene goleh ngucapna kaya nang tembung “émbér”. Manggua nang aksasa jawa nganggo sandhangan taling.

Deneng kuwe artine ya : kok, mengapa, kenapa, why.
 

Siki contone:
“Dénéng kowe numpak motor ora helman?”
Artine:
“Kok kamu naik motor nggak helman”
Mudheng mbok?
Oh iya, “dénéng” ya disingkat dadi “déng” , teges karo cara nganggone padha bae karo “deneng”
http://maskurmambangr.wordpress.com/2010/07/26/deneng/

Bebeh


 

Bebeh kuwe salah siji tembung khas Banyumas.
Bebeh pengucapane kaya angger ngomong lenga (minyak), jelas, gerah. Utawa angger nganggo aksara jawa, pasangane pepet.
Bebeh kuwe artine : emoh, tidak mau, wegah, tidak mau. Contone nang ukara:
“Aku bebeh nek kon nginum jamu.”
artine
“Aku moh yen kon ngombe jamu.” (bandhek)
“Aku nggak amu kalo suruh minul jamu.” (indonesia).
http://maskurmambangr.wordpress.com/2010/08/05/bebeh/


Nglombo



Tembung khas Banyumasan maning kiye
Nang Banyumas ana tembung “NGLOMBO”‘, artine bohong utawa angger basa bandhék ya Ngapusi.
Contone angger ana wong ngomong :
“Aja nglombo.”
artine ya
“Jangan bohong.”
utawa
“Aja ngapusi.”
Nek ditambahi panambang ni, dadine NGLOMBONI. Artine : berbohong, membohongi.
Mudheng mbok?
“Aja padha seneng nglomboni ya, dosa!”
http://maskurmambangr.wordpress.com/2010/08/08/nglombo/


nDéyan



Sinau basa Banyumasan maning kiye. Nang basa Banyumasan, ana tembung “nDeyan” . Tegese kurang lewih : Kayane, Ketokke, Mungkin, Sepertinya, May be.
Dadi nek ana ukara:
Inyong ndeyan arep ndaftar PNS.
Artine :
Aku mungkin akan mendaftar PNS.
Gampang mbok? Ngesuk ndeyan aku arep nulis tembung – tembung Banyumasan maning.
http://maskurmambangr.wordpress.com/tag/basa-banyumasan/



1 komentar: